Janjane karepe opo?


Jamane wes akhir wonge podo edan,
kontal-kantul ra katokan
Kadung tresno, opo wae dibenerno
Kapan rak tresno, wahing wae di olo-olo
Wong pingin mangan iwak segoro, mbok dijarno
Yen pinginmu mangan sate, yo karepmu to
Tujuane kan yo podo, pingine warek, wetenge lego
Ngono wae kok ra iso

Ono wong watuk dipoto, jare adzabe Alloh
Ono wong ngguyu-ngguyu dipoto, jare kok gak wedi doso
Ono wong senenge melaku, dongone mugo-mugo lempoh
Ono wong lungguh wae, jare gak nduwe ghiroh
Ngalor-ngidul dodolan agomo neng nggon-nggon seng ra pokro
Suwargo koyo-koyo wes gak iso di nggoni wong liyo
Yen ra podo pendapete, jarene musuhe agomo
Opo yo gak miker yen agomo iku we’e gusti Alloh

Jarene pingin kabeh damai,
mbok yo seng pinter olehe jogo lambe
Jarene pingin kabeh aman,
mbok yo tingkahe ojo pecicilan koyo preman
Jarene pingin kabeh ketoto,
mbok yo laku - omonge dewe ditoto
Janjane karepe opo to?

islamiro

Menegakkan ajaran Islam menurut paham Ahlussunnah Wal Jama'ah di tengah-tengah kehidupan masyarakat, di dalam wadah NKRI

Lebih baru Lebih lama

Formulir Kontak